Jenis Definisi Kawaruh Bahasa Jawa Kelas XII

Hallo adik-adik tercinta, kali ini kita akan belajar bersama tentang jenis definisi kawaruh bahasa jawa. Tanpa basa basi, langsung saja kita pelajari bersama...

Parikan

Parikan yaiku unen unen awujud ukara rinonee nggunakaken basa kang endah kanthi kawiwitan ukara pambuka ing gatra kapisan lan karepe utawa isi utawa wose ana ing gatro kapindho. Dadi parikan kuwi lumrahe rong gatra (larik). Guru lagune a b –a b cethane kaya mengkene : nek larik utawa gatra kapisan iku swara pungkaan tiba pir – an mula larik

Tuladha : cipir mbyok –ombyokan, mangga mampir wonten pondhokan

(pembuka) (isi utawa wos)

Dadi tibane swara ing pungkasane ukara di selang seling supaya endah gunane parikan yaiku kanggo medhar werna werna kahanan,nyindhir alus,nasihet cekak lan isineng ati liyane kanthi kaendahaning basa ing swasana gumbira,saengga ora nggawe lara ati wang sing di gunenem parikan ana werna werna gumantung pedotan wandane (medhot suku kata). Kayata : pedhotan 4+4 ping 2, 4+6 ping 2, 3+5 ping 2, uga anak larikan bebas sing penting rong gatra ana pembuka lan isi.

Wangsulan

Wangsulan yaiku bangsane cangkriman utawa bedhekan, batangane utawa jawabane disebut ing ukara cendheke kanthi kaslamur utawa disamar. Dadi sing penting batangane/ jawabane ora cangkrimane. Bedhane karo parikan yaiku nek wangsulan ora kaiket dening guru lagu,nanging kaiket dening anane cangkriman lan uga ana batangane/jawabane. Gunane wangsulan yaiku kanggo medhar werna-werna kahanan, nyindir alus, nasihat cekak lan isining ati liyane kanti kaendahaning basa ing swasana gembira, saengga ora nggawe larane ati liyan.

Wangsalan ana saperangan jinis yaiku:

  1. wangsalan padinan.
  2. Wangsulan lamba.
  3. Wangsulan rangkep.
  4. Wangsulan tembang.


Hmm,,, selanjutnya,..

Purwakanthi

Purwakanthi yaiku ukara ukara kang dicakake minagka unen unen kang duwe tembung runtut bisa runtut swara ,runtut wanda (suku kata), runtut tembung (kata). Ing bahasa indonesia meh padha karo irama,sajak,persamaan bunyi, sing diruntut kuwi wiwitan (purwa) dene mburine manut (kanthi) . Purwakanthi ana 3 :

  1. Purwakanthi guru swara
  2. Purwakanthi guru sastra
  3. Purwakanthi guru basa


  • Yen seng runtut swarane mula diarani purwakanthi guru swara.
  • Yen seng runtut sastrane yaiku wanda (suku kata) dibaleni urut mula diarani purwakanthi guru sastra
  • Yen seng runtut basane yaiku tembung (kata) wiwitan dadi tembung cendhake diarani purwakanthi guru basa.


Cukup sekian, pembahasan tentang jenis definisi kawaruh bahasa jawa. Semoga bermanfaat bagi kita semua.
Terima kasih. Salam dari Tim iPendidikan.com

0 Response to "Jenis Definisi Kawaruh Bahasa Jawa Kelas XII"

Post a Comment